Rabu, 11 Desember 2024

Sambutan Rapat Panitia Masjid Muniroh

  • BismillahirrahmanirrahimKatur
  • Assalamu'alaikum wr.wb
  • Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wabihi nasta’inu ‘alaa umuriddunya waddiin. Wassholatu wassalamu ‘alaa asyrofil mursaliin, wa’alaa aalihi wa sohbihi ajma’iin. Amma ba’du.

  • Katur dhumateng Bapak Uztadz Agung Suwarno selaku Pembina Masjid Muniroh ingkang kulo hormati
  • Katur dhumateng Bapak Sumarno selaku Penasehat Masjid Muniroh ingkang kulo hormati
  • Katur dhumateng Bapak Giyanto selaku Ketua Takmir Masjid Muniroh ingkang kulo hormati
  • Saha katur dhumateng Bapak-bapak pengurus takmir Masjid Muniroh,ingkang kulo hormati  ugi 
  • Saderengipun matur ingkang katah-katah,mangga kito sedaya sami-sami ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang moho agung dene tasih kepareng paring kanugrahan,kawilujengan,ketentreman saha kebagaswarasan dhumateng kito sedaya.Katitik wonten ing dalu punika,kito sami saget makempal,silaturahim,kanti sehat wilujeng mboten wonten alangan satunggal punopo.
  • Sholawat serta salam monggo kita curahaken konjuk Nabi Muhammad SAW mugi2 kito sedoyo angsal safaat wonten ing yaumul akhir mangke.
  • Salajengipun minangka pranotocoro ing pakempalan Rapat Panitia Masjid Muniroh ing dalu puniko,keparengo kulo badhe ngaturaken urutan adicoro ing pakempalan rapat dalu punika.
    • Ingkang sapisan pambuko
    • Kaping kalih Sambutan-sambutan
    • Kaping tigo Laporan keuangan Masjid Muniroh
    • Kaping sekawan Sarasehan utawi Inti Acara
    • Kaping gangsal Saran dan Usul
    • Kaping pungkssan geh menika penutup

Sambutan Rapat Panitia Masjid Muniroh

BismillahirrahmanirrahimKatur Assalamu'alaikum wr.wb Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wabihi nasta’inu ‘alaa umuriddunya waddiin. Wassh...