- BismillahirrahmanirrahimKatur
- Assalamu'alaikum wr.wb
- Katur dhumateng Bapak (perangkat desa) kulo hormati
- Katur dhumateng Ketua RW Bapak .................,ingkang kulo hormati
- dhumateng Ketua RT Bapak ....... hormati..........,ingkang kulo hormati
- Saha katur dhumateng Bapak-bapak warga RT 04 RW 03,ingkang kulo hormati ugi
- Saderengipun matur ingkang katah-katah,mangga kito sedaya sami-sami ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang moho agung dene tasih kepareng paring kanugrahan,kawilujengan,ketentreman saha kebagaswarasan dhumateng kito sedaya.Katitik wonten ing dalu punika,kito sami saget makempal,silaturahim,kanti sehat wilujeng mboten wonten alangan satunggal punopo.
- Salajengipun minangka pranotocoro ing pakempalan arisan warga RT04 RW 03,keparengo kulo badhe ngaturaken urutan adicoro ing pakempalan dalu punika.
- Ingkang sapisan pambuko
- Kaping kalih Sambutan-sambutan
- Kaping tigo Laporan
- Kaping sekawan Pamanggih utawi saran dan usul
- Kaping gangsal Do'a
- Kaping pungkasan geh menika penutup
- Lajeng kemawon kito wiwiti acara arisan ing dalu punika
- Ingkang sapisan geh menika pembukaan
- Mangga acara arisan RT ing dalu punika kito wiwiti kanti waosan basmalah sesarengan
- Salajengipun acara sambutan
- Sambutan ingkang sapisan,saking kagungan dalem.Dhumateng Bapak ............ wekdal kulo sumanggakaken
- Matur suwun Bapak ........... ingkang sampun maringi sambutan
- Sambutan ingkang kaping kalih,saking Bapak RT.Dhumateng Bapak ............ wekdal kulo sumanggakaken
- Matur suwun Bapak ........... ingkang sampun maringi sambutan
- Sambutan ingkang kaping tigo,saking Bapak RW.Dhumateng Bapak ............ wekdal kulo sumanggakaken
- Matur suwun Bapak ........... ingkang sampun maringi sambutan
- Sambutan ingkang kaping sekawan,saking bapak bayan.Dhumateng Bapak ............ wekdal kulo sumanggakaken
- Matur suwun Bapak ........... ingkang sampun maringi sambutan
• Laporan meja kursi (tristan)
• Laporan gelaran utawi tikar (dwiyono)
• Laporan makam (tukiman)
• Laporan sosial dan iuran tilikan (siget)
• Laporan beras jimpitan (saman)
• Laporan keuangan soho bendahara (didit)
4. Salajengipun acara pamanggih utawi saran usul
- Dhumateng bapak RT Kulo aturi mandhu acara meniko
5. Salajengipun geh menika waosan Do'a,Dhumateng bapak ...........wekdal kulo sumanggakaken.
6. Acara pungkasan inggih menika penutup
- Mangga acara arisan ing dalu punika kito tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar